• open panel

RAMAYANA

 

Ramayana ing basa basa Sansekreta: Ramayana utawa lelakuné sang Rama, iku salah siji wiracarita saka tanah IndiaMahabharata. Wiracarita Ramayana nyaritakaké Dèwi Sinta, garwa Sri Rama kang kadusta déning Rahwana. Kitab iki dianggep buku fiksi paling tuwa sadonya yèn kitab Weda ora mlebu petungan. Kitab kuwi ditulis déning Walmiki, kira-kira ing taun 300 sadurungé Masehi. Crita Ramayana banjur nyebar lan akèh banget variasiné kang ana ing India dhéwé lan ing negara liyane. Ing tlatah Jawa, naskah Ramayana paling tuwa tinemu iku Kakawin Ramayana (awujud Tembang Gedhé). Kakawin iku ditulis nganggo basa Jawa Kuna ing Jawa Tengah, kurang luwihé taun 870 (abad kaping 9 M, pungkasan). Kakawin iku diarani adikakawin marga kaanggep kang kapisan, dawa dhéwé, lan basane apik ing jaman Hindhu-Jawi. Ing sastra Jawi Anyar, kakawin Ramayana digubah manèh déning Yasadipura dadi Serat Rama Kawi. Crita iki kasebar lan mlebu dadi lakon wayang kanthi owah-owahan ing sawetara panggonan. Crita Ramayana uga katatah ing Candhi Prambanan. Ing candhi iki, uga kagelar sendratari Ramayana (Ramayana Ballet) ing platarané. Saliyané kuwi, ing tanah Melayu, crita iki dadi kitab Hikayat Sri Rama, ing ThailandRamakien. Sawetara ahli uga nemokaké yèn Ramayana sumebar uga ing suku Indian, Amérika. Ana uga kang ditemokaké ing Siberia. Sing paling béda yaiku ing Sri Lanka. Ing tlatah iki Rahwana (Ravana) dadi wong kang becik lan Rama dadi wong kang ngrusak Lanka (Alengka = Sri Lanka). Ravana iku kecathet salah sijiné raja kang naté nyekel kuwasa ing tlatah Sri Lanka. Kejaba vèrsi Sri Lanka, umumé Ramayana nyritakaké lelakoné Sri Rama kang ngrebut manèh Sita (Sinta). Rahwana nyulik Sita supaya gelem dadi bojoné. Rama banjur ditulungi déning para wanara (Anoman, Sugriwa, lsp.) lan kasil ngrebut Sita. Ing India versi basa Sansekerta, Ramayana kapérang dadi pitung kitabSaptakanda, yaiku: Balakanda, Ayodhyakanda, Aranyakanda, Kiskindhakanda, Sundarakanda, Yuddhakanda, lan Uttarakanda. Mangkéné ringkesané: kang misuwur banget saliyane dadi utawa

Nama Kitab Katrangan
Balakanda Kitab Balakanda iku pinangka awal saka lakon Ramayana. Kitab Balakanda nyritakaké Prabu DasarataKosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata peputra papat, yaiku: Rama, Bharata, Lakshmana lan Satrughna. Kitab Balakanda uga nyritakaké Sang Rama kang kasil menangaké sayembara lan nggarwa Sita, puteri Prabu Janaka. kang duwé garwa 3, yaiku:
Ayodhyakanda Kitab Ayodhyakanda nyritakaké lelakoné Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan Dewi Sita lan Lakshmana marga panjalukké Dewi Kekayi. Sawisé iku, Prabu Dasarata kang wis sepuh banjur seda. Bharata ora gelem dijumenengaké dadi Raja, dhèwèké banjur nyusul Rama. Rama nampik yèn kasuwun bali menyang Ayodya. Bharata jumeneng nata pinangka sulih Sang Rama.
Aranyakanda Kitab Aranyakanda nyritakaké lelakoné Rama, Sita, dan Lakshmana ing alas. Rama asring mbiyantu para pertapa kang diganggu déning para raseksa. Kitab Aranyakakanda uga nyritakaké kisah Sita diculik Rawana (Rahwana) lan peperangan antaraning Jatayu lawan Rawana.
Kiskindhakanda Kitab Kiskindhakanda nyaritakaké Sang Rama kang ketemu Raja wanara, Sugriwa. Sang Rama mbiyantu Sugriwa ngrebut kraton lan garwané saka Subali, kangmasé. Ing perang iku, Subali tiwas. Sugriwa dadi Raja ing Kiskindha. Sang Rama lan Sugriwa nyawiji kanggo nglawan Krajan Alengka.
Sundarakanda Kitab Sundarakanda nyritakaké prajurit Kiskindha kang mbangun kreteg Situbanda kanggo dalan tumuju ing Alengka. Hanuman (Anoman) kang dadi dhuta Sang Rama budhal menyang Alengka lan ngadhep Dewi Sita. Ing kana, Anoman ditangkep lan bisa lolos satemah bisa ngobong kutha Alengka.
Yuddhakanda Kitab Yuddhakanda nyritakaké perang antaraning prajurit kethèk Sang Rama klawan prajurit raseksaRawana. Crita diwiwiti saka prajurit Sang Rama kang kasil nyebrang samudra tekan ing Alengka. Sawetara iku, Wibisana ditundhung Rawana marga kakèhan ngandhani Rahwana. Ing peperangan iku, Rawana gugur kena panah sekti Sang Rama. Sang Rama banjur bali ing Ayodhya bareng Dewi Sita. Sang
Uttarakanda Kitab Uttarakanda nyritakaké lelakoné Dewi Sita kang diukum buwang marga Sang Rama krungu pandakwané rakyat kang cubriya marang kesuciané Dewi Sita. Dewi Sita banjur manggon ing pertapan Rsi Walmiki lan nglairaké Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa banjur teka sowan ing istana Sang Rama nalika upacara Aswamedha. Ing wektu kuwi banjur padha nembangaké Ramayana kang digubah déning Rsi Walmiki.

Ringkesaning Crita Ramayana

Mangkéné isining crita Ramayana kang katulis kanthi ringkes:

Prabu Dasarata, ratu Ayodya duwe garwa prameswari aran Dewi Kosalya (Sukasalya) lan garwa selir aran Dewi Kekayi uga Dewi Sumitra. Saka Dewi Kosalya peputra Sri Rama, saka Dewi Kaikeyi (Kekayi) peputra Bharata, lan saka Dewi Sumitra peputra kembar aran Lakshmana (Lesmana) lan Satrughna. Sawijining dina, ana resi kang jejuluk Rsi Wiswamitra njaluk tulung marang Sri Paduka Dasarata supaya mbébasake pertapane saka para raseksa. Rama lan Lakshmana banjur budhal. Ing pertapan iku, Rama lan Laksmana kasil mateni kabeh raseksa. Sawise kasil merjaya mungsuhe, kekarone banjur tumuju negara Mithila (Manthili) saperlu melu sayembara menthang gandéwa. Sok sapa kang menang bakal dadi sisihane putri raja Janaka, ya Dèwi Sinta. Kabeh pasarta wus siaga lan siji mbaka siji nuduhake kadigdayane menthang langkap gandéwa. Ora ana kang kasil menthangake gandéwa mau kajaba amung Sri Rama. Sawise Rama kadhaupake, Sinta banjur kaboyong bali menyang Ayodya didherekake Laksmana.

Ing Ayodya, Rama bakal diangkat dadi ratu pinangka pembarep gantining Dasarata. Ananging Kekayi, garwa selir prabu Dasarata nagih janji. Nalika sadurunge dipundhut garwa, Kekayi duwe panyuwunan yen peputra lanang mengkone bakal jumeneng nata Ayodya. Kanthi abot, Dasarata ngabulake panyuwune Kekayi awit biyèn pancèn naté janji mangkono. Saka pokal culikane Kekayi, Rama wurung dadi ratu, malah kudu nglakoni ukuman (dibuwang) ing alas Dhandhaka 13 taun suwéné. Rama, Sinta, lan Laksmana banjur ngumbara nilar kedhaton. Marga nggrantes, ora suwe prabu Dasarata banjur séda. Barata rumangsa ora pantes dadi ratu. Dheweke banjur nggoleki Sri Rama, nyuwun supaya Rama kersa kondur lan jumeneng nata Ayodya. Ananging Rama nampik amarga jejering satriya ora bakal cidra ing janji sumadya nampa ukum. Barata didhawuhi Rama supaya jumeneng nata sawetara, minangka sulihe Raden Rama. Rama banjur medhar piwulang Asthabrata (astha = wolu, brata = laku) pinangka garan jejering ratu kudu ngugemi lakuning/watak utama kang cacahe ana wolu. Rama uga paring simbolis awujud trompah (basa Sansekreta: p?duka) marang Barata pinangka tandha bukti yen dhèwèké iku mung saderma wakil. Barata banjur jumeneng nata kanthi nganggo tlumpahe Raden Rama.

Ing alas Dhandhaka, ana raseksi aran Surpanakha (Sarpakenaka) kasengsem marang Laksmana. Kanggo ngrayu Lakshmana, Surpanakha banjur mémba dadi wanodya ayu. Ananging Lakshmana ora mempan kagodha, malah irunge Surpanakha kairis. Surpanakha nepsu banjur pradul marang kangmasé (sang Rahwana/Dasamuka) lan mbujuk supaya nyulik garwané Rama kang ayu rupa. Dhasar Rahwana karem marang wanodya ayu, mula sang Rawana banjur ndhawuhi raseksa Kala Marica supaya nyulik Sinta. Marica banjur mémba dadi kidang emas kang éndah. Sinta kasengsem banjur nyuwun supaya mbebedhag kidang emas iku. Rama budhal dhewe ninggal Sinta lan Laksmana. Si kidang emas gesit banget, ora bisa kacekel. Wusanané, Sri Rama anyel banjur nglepasaké panah. Si kidang emas njerit kelaran lan mati, owah malih raseksa. Krungu panjeriting wong kang kelaran, Sinta banjur ngutus Lakshmana supaya nggoleki Rama. Laksmana ora gelem budhal amarga kajibah njaga Sinta. Sawisé ditudhuh yen Lakshmana arep ngarah dhèwèké, Lakshmana banjur budhal nggolèki Rama lan ngrajah Sinta supaya adoh saka godha rencana. Sawisé Sinta dhèwèkan, Rahwana banjur teka. Kanthi mémba dadi resi kang njejaluk jampi, Rahwana kasil nyulik Sinta.

Jeriting Sinta keprungu déning peksi sang Jatayu kang naté dadi réncange prabu Dasarata. Kanthi niat becik, Jatayu nulungi Sinta. Amarga Rahwana luwih sekti, Jatayu kalah. Jatayu kang sekarat isih bisa atur warta marang Rama lan Laksmana, yen Sinta kagawa menyang Alengka, kedhatoné sang Rahwana. Rama lan Laksmana banjur nglari ilangé Dèwi Sinta. dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing sajroning alas, Rama kapanggih ratu Kiskindha awujud wanara, ya Sugriwa kang sambat njaluk pitulungan marga rumangsa bojoné (Dèwi Tara) direbut déning seduluré (Subali). Rama saguh mbiyantu, jer mengko uga gelem sabiyantu perang lawan Rahwana. Embuh kang bener kang endi, nanging jejering satriya, Rama ora kena cidra ing janji. Rama kasil merjaya Subali. Sugriwa banjur sumadya nulungi sang Rama kanthi prajurit wanara lan pitulungané patih Anoman (Hanuman). Anoman kautus Rama pinangka dhutané Sri Rama budhal menyang Alengka ngaturaké warta lan kalpika marang Sinta.

Ing kaputrèn Alengka, Sinta dilipur déning Trijatha. Kanthi meneng-meneng, Anoman kasil mlebu ing Alengka lan kapanggih Dèwi Sinta. Dumadakan konangan Indrajit (putrané ahwana). Anoman kecekel Rahwana, banjur diobong. Dhasar wanara sekti, Anoman banjur ngobrak-abrik lan ngobong Alengka. Anoman bali lan ngaturaké warta marang Rama. Kanthi prajurit lan kasektèné, Rama kasil nambak samudra (bendungan Situbanda) kanggo dalan ngrubuhaké Alengka. Ing wektu iku, seduluré Rahwana aran Kumbakarna lan Gunawan Wibisana kadhawuhan mbiyantu mbéla Rahwana. Kumbakarna ora sarujuk marang Rahwana. Marga wanita, Rahwana ngorbanaké negara memungsuhan lawan Rama. Kumbakarna trima lunga tapa, déné Wibisana lunga saka Alengka gabung melu Rama. Perang gedhé dumadi, prajurit raseksa lawan wanara. Indrajit pinangka senopatining perang kaperjaya déning Lakshmana. Kumbakarna dipeksa mbadharaké tapané supaya mbiyantu Rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbéla Rahwana, nanging negara wutah getihé. Rama nglepasaké panah Guwawijaya, Kumbakarna tiwas katugel-tugel dening panah sekti. Rahwana maju ngadhepi mungsuh. Rama bisa ngalahaké Rahwana. Nalika Rahwana kena panah Guwawijaya, Rahwana banjur dibruki gunung dèning Anoman. Alengka bedhah lan Wibisana kajumenengaké dadi ratu ing Alengka. Sinta dijak kondur lan urip bebarengan klawan Rama. Nanging, ing lakon Sinta Obong, Sinta kauji kasuciané déning Rama sadurungé nunggal marang Rama.

(Sumber: http://id.wikipedia.org/wiki/Ramayana, kanti owah-owahan saperluné).

Leave a Comment

© 2011 SMP Bina Bangsa